Senin, 09 November 2009

Politik beca'an ndek warung kopi

Paijo : Kang man, kang pri !!! ayo ngopi sek. aq mari oleh rejeki akeh iki, tak traktir.
Paiman: Sek diluk kang tak parker becak q se'..
Supri : Oke berangkat...!!!!!!!!!

Tiga orang ini lalu berangkat menuju warung kopi mbok yem di dekat pangkalan becak.

Paijo : Mbok yem kopi telu, bisae..!!
Supri: mari oleh rejeki opo sampean ? tumben trakti-traktir.
Paijo : yo onolah...
paiman: berita koq gak ganti2 mulai wingenane !!
supri : la ancen kasuse tambah ruwet ngono.
paiman: koyok ngerti2 o ae koen.
supri : lho.. ojo ngenyek, masio mbecak yo moco koran rek..!!! ra koyok awakmu, turu tok ae.
paiman: yo podo, aq biasane ndelok ndek tipi. tapi koq yo ra mari-mari.
paijo : la wes kadung ruwet koyok ngono.
supri : seng salah seng endi lek ngono iku kang?.
paijo : lek ngomongno seng endi seng salah, seng endi seng bender yo ewoh. la wong durung
jelas masalahe.
paiman: seng salah yo polri ne iku, lawong polisi sak iki genok seng genah kabeh i..!!
paijo : yo ojo ngono kang, ra kabeh polisi ku elek, jek akeh seng pancen ngayomi masyarakat.
contone koyok pak Rudi iku hayo.
Paiman: yo pak rudi iku tok seng genah, liyane ngawor. metu nang embong lek gak duwe duwek
tok. lek duwi'e akeh yo jagongan ndek kantor kabeh. kadang melok adu petek, ono
maneh seng mabuk. genah tah seng koyok ngono.
paijo : tapi yo tetep gak iso nyalahno instansi kepolisian, sakjane sa'iki guduk POLRI mosoh
KPK, tapi oknum polri mosoh oknum KPK lek ancen salah siji ono seng salah.
paiman: la sopo seng gak geregeten, seng genah2 ngaku lek salah yo ra di tangkep, anggodo sa'iki
paleng ngguyu ngaka' ndek omahe, mergo berhasil urat-arit negoro.
Supri : lek jare ku, kabeh wong iku gak sadar lek di dadekno wayang ambek duo widjoyo iku.
coba pikiren yo , asale masalah iki dadi gede iku teko testimonine antasari, la antasari
gawe testimoni iku oleh informasi teko anggoro. informasi iku iso salah tapi yo iso
bender, tapi seng jelas anggodo iku wes ngaku lek dadi penyandang dana. tapi yo opo'o
durung di dadekno tersangka.
paiman: po maneh sak iki metu seng jenenge yulianto, lek jareku wong iku gak onok. iku mek
usahane ari muladi cek gak mberatno awake. yo golek selametlah.
supri : koq iso ngono kang.
paiman:lek menurut wong seng tau berurusan ambek ari muladi, de'e yakin lek duei'e iku di
kemplang dewe, ora di ke' no nang petinggi KPK. wong iku yo tau di tipu ambek ari
muladi so'ale.
supri : seng jelas yo mugo2 lang mari, poko'e kuncine iku yo teko ari muladi. lek gelem ngaku
yo mari masalahe.
paijo :seng penting ojo sampek kesroh po maneh kate reposisi polri barang, aku gak setuju iku.
jarno polri iku tetep independen, negoro iki jek botoh polri, kpk, yo kejaksaan pisan.
kabeh iki la dalane a cek luweh iso apik, yo kari yokpo iso kerjasama cek podo iso
ngelengno. lho kopine yo di ombe, selak adem.

parker: priiiiiiiiittttttt...............priiiiiiiiittttt................ prittttttt Becak e kang enggerno sek,
ono montor kate parkir iki............

tiga orang ini angsung lari menuju becaknya sendiri-sendiri.

Paijo :wakKkkkkkkkk........!!!!!!!!!!!!
supri :ha...ha...ha.......!!!!!!!!
paiman:hwaa......ha... hwa....